"Ingin meningkatkan traffic pengunjung dan popularity web anda secara cepat dan tak terbatas...? ...Serahkan pada saya..., Saya akan melakukannya untuk anda GRATIS...! ...Klik disini-1 dan disini-2"

Sabtu, 19 Maret 2011

Lirik Syiir Tanpo Wathon

Syiir Tanpo Wathon
By KH. Abdurrahman Wahid (Gus Dur)


Astaghfirulloh robbal barooyaa
Astaghfirulloh minal khotooyaa
Rabbi zidni ’ilman naafi’ah wa wafiqni ’amalan sholihah
Yaa rosululloh salamun’alaik
Yaa rofiassani wa daaroji
Athfathayyaji rotal alami
Yauuhay laljuu diwal karomi 2x
Ngawithi ingsun nglara syi’irran
Kelawan muji maring pengeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan
Rino wengine tanpo pitungan 2x
Duh bolo konco prio wanito
Ojo mung ngaji(syare’at bloko)
Gur pinter dongeng, nulis, lan moco
Tembe burine bakal sangsoro 2x
Akeh kang apal qur’an haditsse
Seneng ngafirke (marang liyane)
Kafire dewe gak digaktekke
Yen isih kotor ati akalle 2x
Gampang kabuju’
Nafsu angkoro ing pepaesse gebbyare dunyo
Iri lan meri sugihe tonggo
Mulo atine peteng lan nisto 2x
Ayo sedulur
Jo nglalekake wajibe ngaji sak pranatane
Gumendelake iman tauhidte
Bagusse sangu mulyo matine 2x
Kang aran sholeh
Bagus atine kerono mapan sangu ilmune
Lagu thorekot lan ma’rifate
Ugo hakekot manjing rasane 2x
Al-qur’an qodim
wahyu minulyo tanpo dinulis (biso diwoco)
Iku wejangan guru was kitho
Den tancep ake ing jerro dodo 2x
Kumantil ati lan pikiran merasuk ing badan (kabeh jerroan)
Mukjizat rosul dadi pedoman
Minongko dalan manjingi iman 2x
Kelawan Alloh kang moho suci
Kudhu rangkulan rino lan wengi
Ditirakati diriyadhoi
Dzikir lan shuluk jo’ nganthi lali 2x
Urippe ayem
Rumongso aman dununge rosso tondo yen iman
Sabar nerimo najan pas-pasan
Kabeh dinakdir sangking pengeran 2x
Kelawan konco dulur lan tonggo kang podo rukun ojo disio
Iku sunnahe rosul kang mulyo
Nabi muhammad panutan kitho 2x
Ayo ngelakoni sekabehani
Alloh kang bakal ngangkat drajati
(Senajan ashor toto dhohire)
Ananging mulyo maqom drajati 2x
Balastro ing pungkasani orak kessasar roh lan sukmane
Den gadang Alloh suwargo manggone
uduk mayyitte ugo ulesse 2x
Yaa rosululalloh salamun’alaik
Yaa rofiassa ni wa daaroji
Athfathayyaji rotal ’alami
Yauuhay laljuu diwal karomi 2x
Al–Fatihah.

DbClix


http://heri11user.blogspot.com

0 comments:

Posting Komentar